Contoh Teks Pranata Acara Bahasa Jawa
![]() |
Sumber: Google |
Oleh: Shofiatun Mardhiyah
Siswi kelas XII-IPS2
السلام عليكم ورحمة الله وبر كاته
الحمدلله رب العا لمين وبه نستعين وعلي امو رالدنياوالدين والصلاةوالسلام علي اشرف الانبياءوالمرسلين سيدناومولانا محمدوعلي اله واصحابه اجمعين وقا ل النبي ص. م. اذامات ابن ادم انقطع عمله الا من ثلاث صدقةجا رية اوعلم ينتفع به اوولدصالح يدعوله امابعد.
Dumateng para hadlirin wal hadirat rahima kumullah.
Sakderengipun punapa ingkang dados atur kaula wonten ngarsanipun panjenengan sedaya kalangkung rumiyen monggolah kita sedaya tansah ngraosaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. bileh punapa ing wekdal saha kesempatan punika kita sedaya takseh dipun paringi pinten-pinten kanikmatan ingkang agung arupi nikmat iman, islam saha nikmat kesehatan jasmani lan ugi rohani sehingga kita sedaya saget ngrawuhi adicara wonten saat sonten punika kanti keadaan imanan, islaman, sihhatan, wa'afiyatan dlohiron wabathinan biqouli tahmid alhamdulillahirobbil 'alamin.
Engkang angka kalehipun waosan Allahumma solli wasalim wabarik 'alaih mugio tansah wusul lan kaunjuk dumateng baginda tercinta kita Rosulullah Muhammad SAW mugi-mugi kanti barokah waosan sholawat kulo panjenengan kala wau binjang ing yaumul kiyamah kita sedaya tansah dipun daku dados ummatipun sehingga kita sedaya tansah pikantuk naungan syafaatipun ingkang agung arupi syafaatul udzma amin Allahumma amin.
Dumateng para hadlirin wal hadirat ingkang tansah kaulo hormati, kaulo teng mriki minangkani dados muqossimul auqot utawi pembagi acara boten bade mator katah-katah utawi berpanjang lebar anggen kaula matur, ananging langsung kemawon bade maosaken pinten-pinten susunan adicara ingkang bade kalampah sak mangkeh ingkang kados mekaten:
1. Pembukaan
2. Waosan ayat suci al-quran
3. Waosan tahlil
4. Sambutan-sambutan
5. Istirahat
6. Penutup
Minangkani adicara ingkah sepindah inggih punika pembikaan monggo sesarengan kita bikak acara wonten ing saat punika kanti waosan ummul kitab. 'Ala hadihinniyyah Al Fatihah...
Alhamdulillah, adicara wonten saat sonten punika sampun kita bika sesarengan waosan surotul fatihah, dilajengaken adicara ingkang ongo kaleh inggih puniko waosan ayat suci al-quran ingkang bade dipon slirani dumateng panjenenganipun ....... wondene wekdal saha panggenan kaula aturan sumangga,.... Atas waosan ayat suci Al-Quran engkang sampun dipun slirani panjenenganipun ..... kaulu aturaken matursuwun.
Wondene adicara ingkang ongko 3 inggih punika waosan tahlil ingkang bade dipon slirani dumateng panjenenganipun Ky. Hamdi muhtadi wekdal saha panggenan kaula aturaken sumonggo,.... Atas waosan tahlil ingkanh dipun slirani panjenenganipun Ky. Hamdi muhtadi kaula aturaken matur suwun.
Wondene adicara ingkang ongko 4 inggih punika sambutan-sambutan sangking perwakilan panitia ingkang dipon slirani dumateng panjenenganipun al-ustad ...... wondene wekdal solaha panggenan kaula aturaken sumonggo,....atas sambutan utawi nasehatipon panjenenganipon al-ustad ...... kaula aturaken matursuwun sanget. Dilajengaken adicara sambutan engkang no. 2 inggih puniko dipon slirani dumateng panjenenganipon Bpk. Petinggi. Moh. Arif asyharuddin wondene wekdal saha panggenan kaulo aturaken sumonggo,.... Atas sambutan panjenenganipun Bpk. Petinggi moh. Arif asyharuddin kaula aturaken matursuwun.
Wondene adicara ingkang ongko 5 inggih punika istirahat.
Dipun lajengaken adicara ingkang terakhir inggih punika penutup. Sakderengipun kaula teng mriki minangkani dados muqossimal auqot bok bileh anggenipun kaula matur wonten ngearsanipon panjenengan sedaya katah klinta-klintunipin, saha boten sopanipun anggenipun kaula matur kaula nyuwun agungeng samudra pangapunten dumateng panjenengan sedaya, Cekap semanten anggen kaula matur
والله الموفق إلى أقوم الطريق واسلام عليكم ورحمة الله وبر كاته.
Terimakasih telah membaca contoh teks pranata acara bahasa jawa yang saya tulis, semoga bermanfaat. Amiin